Persiapan UAS





Ujian Akhir Semester arep tiba delat maning. Macem macem cara siswa dilakokake eben olih nilai sing memuaske. Sanajan bisa dihadepi, nanging nang ujian akhir kie kudu serius. Aku bakal wenehi tips kanggo ngadepi ujian akhir semester, yaiku :

1. Persiapke Materi Ujian sing Mateng


     Nek sing dihadepi ujian tertulis, maka langkah pertamane buka materi ding wis diwenehi.Kadang guru ngenehi kisi - kisi nanging rak enek salahe yen awak dewe buka  materi sing liyane. Materi sing diwenehi guru kui diwaca sepisan lan dirangkum yen esih enek materi sing durung dikuasai. Kita juga bisa nyoba nggarap latihan soal sing enenk neng buku cetak.

2. Jaga Kesehatan

     Kesehatan kui penting. Yen pas ujian awak dewe malah loro ngko rak iso nggarap ujian lan pikirane dadi neng endi endi alias ora fokus. Tambah meneh nenk awak iki nggreges yo wes alamat ora iso melu ujian. Makane sakdurunge ujian dijaga kesehatane kaya ngung banyu putih anget saben esuk, mangan buah seng akeh, aja lali sayur sayur,olahraga sakperlune, turu sing cukup, kurang dolanan hp sing iso nggawe sirah mumet.

3. Persiapke Kartu Ujian  lan Alat Tulis

    Kartu Ujian kui penting gunane, nek kartune ilang ora bakal olih melu ujian. Kartu ujian iso dideleh neng tas eben rak ilang lan ketinggalan. Alat tulis juga disiapke sing lengkap aja nganti nyilih kancane pas ujian, ngko ndak dikiro nyontek. Alat ujian sing disiapke iku pensil, penghapus, pulpen, tip-ex, penggaris, paser, lan liyane sesuai kebutuhan.

4. Berdoa Nyuwun karo Gusti Allah

    Kunci utamane sukses kui Gusti Allah, dungo karo Gusti Allah kui ora iso dilalekke. Gusti Allah kui sing wein kemudahan jawab soal soal. Nek we dungo aja lali njaluk restu marang wong tuo. Barkui pasrahke kabeh karo Allah sing penting awak dewe wes ikhtiar lan tawkal. Hasille eben Allah sing ngatur.

Cukup sakmene tips tips ujian sing tak wenehi, kui kabeh sing tak lakukno karo awakku. Manjur orane tergantung awak dewe.



Komentar

Postingan Populer